
NYIKAPI MASALAH GESANG
Oleh : H. Fauzin Jamil, M.Pd.I (Wakil Katib Syuriah)
الخطبة الاولى
اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ . لاَ إلٰهَ إلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ ِللهِ اَعَادَ الْاَعْيَادَ وَ كَرَّرْ. وَ اَطَالَ الْاَعْمَارَ اِلَى اِدْرَاكِ هَذَا الْيَوْمِ الْمُوَفَّرْ. اَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ اَنْ خَلَقَ وَصَوَّرْ. اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةً يُثْقِلُ بِهَا الْمِيْزَانَ فِى الْمَحْشَرْ. وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الْمَبْعُوْثُ اِلَى الْجِنِّ وَالْبَشَرْ. اَللّهُمَّ صَلِّ وَ سَلِّمْ وَ بَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَحَبِيْبِنَا وَقُرَّةِ اَعْيُنِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَ سَلَّمَ صَادِقِ الْخَبَرْ، وَ عَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَ ذُرِّيَّتِهِ اُولِى الْفَضْلِ الْاَفْخَرْ، وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
أَمَّابَعْدُ، فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ يُزَكِّى قَلْبَ الصَّائِمِيْنَ بِتَمَامِ الصِّيَامِ وَالْفِطْرِ. فَقَدْ قَالَ اللهُ فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْم: قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكّىَ، وَذَكَر اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى، بَلْ تُؤْثِرُوْنَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا، وَالْاَخِرَةُ خَيْرٌ وَّ اَبْقَى
Kaum Muslimin lan Muslimat rahimakumullah
Sumonggo kita sami ngaturaken puji syukur dhateng Allah Ta’ala, amargi kanthi pitulunganipun kita sampun saged nindakaken syiam Ramadhan sewulan nutug. lan sakmenika kita waged ngrayakaken riyaya idul fitri, dinten ingkang pundi kita sami paring pangapunten dhateng sedaya kalepatan-kalepatan ing antawisipun kita sedaya.
Mboten kesupen ugi, sumangga kita tansah ningkataken kualitas iman lan taqwa kita dhateng Allah Ta’ala, nopo malih kita sampun dipun didik dening Allah Ta’ala lumantar ngibadah syiam/pasa ing sasi Ramadhan tahun punika.
Kaum Muslimin – Muslimat ingkang berbahagia
Sampun dados budaya lan tradisi wonten ing masyarakat kita, anggenipun ngrayakaken riyadi tansah ngawontenaken acara halal bihalal lan silaturrahmi, sami-sami ndugini antawis tangga, para kadang sedulur lan kanca tepangan. Setunggal kaliyan sanes sami-sami bersalaman dados ungkapan panedha pangapunten lan maklumi kelepatan piyambak-piyambak, sae ingkang nyangkut sesambetan pribadi, lampahan, utawi sesambetan sosial kemasyarakatan.
Dinten raya riyadi warsa puniki kita tesih ing kawontenan ingkang kirang mbingahaken kangge kita sami. Kondisi musibah pandemi ingkang dereng pulih sempurna, dipuntambah kaliyan minggahipun pinten-pinten barang keperluan, wiwit pinten-pinten wekdal saderengipun sasi siyam. Problematika gesang manungsa, estu kados roda ingkang muter, kadhang wonten ing posisi inggil lan kadhang wonten ing posisi ngandhap. Menawi saweg ing posisi ngandhap, kita kedah saged ngadepi kawontenan, menawi mboten pinter-pinter anggenipun ngadepi kawontenan, tentu salah setunggaling tiyang badhe tansah rumaos pakewed utawi gelisah ingkang mboten terus menerus, terjerat dening dilema ingkang maneka warni.
Punapa ingkang dados masalah pagesangan, nyata maneka warni bentukipun wonten ing pergaulan ingkang wiyar saha kondisi masyarakat ingkang majemuk punika. Sangking masalah ingkang entheng ngantos masalah-masalah ingkang awrat sampun cekap dadosaken raos sesek nafas bahkang kadang ndadosake stress pikiran.
Punapa ingkang saweg kita alami sakmenika, sejatosipun minangka ujian lan cobaan sangking Allah Ta’ala ingkang dumugi dhateng kita sami, kados dene dawuhipun Allah wonteng ing surat Al Baqrah ayat 155:
وَلَنَبْلُوَنَّكُم بِشَىْءٍ مِّنَ ٱلْخَوْفِ وَٱلْجُوْعِ وَنَقْصٍ مِّنَ ٱلْأَمْوَالِ وَٱلْأَنفُسِ وَٱلثَّمَرَاتِ ۗ وَبَشِّرِ ٱلصَّابِرِينَ
Artosipun: Lan sanyata Ingsun bakal nyoba ing sira kabeh kalawan sawatata kekuwatiran, kaluwen, kekurangan bandha, Ian kekurangan kadang mitra, sarta kekurangan wohwohan. Sira ambebungaha marang wong-wong kang padha kuwat sabar.
Kedah kita emut menawi salami manungsa gesang wonten ing dunya punika, mboten badhe terhindar saking coban lan ujian, nggih cobaan alit utawi ageng. Amargi sejatosipun gesang ing donya puniki estu panggenanipun coban. Mlajar saking setunggal masalah sejatosipun tumuju dhateng masalah ingkang sanes. Pramila kita kedah berjaga lan siap dhiri ngadepi sedaya kemungkinan ingkang terpahit. Kita kedah ngadepi kaliyan tabah soho keyakinan, bilih wonteng ing wingking kesisahan mesthi wonten kemudahan lan kebahagiaan.
Saklebet ngadepi gesang ingkang nyusahaken kados sapunika, salah setunggaling tiyang kedah nggadhahi kepitadosan dhateng dhiri piyambak, mila saged nglampahi gesang kanthi tanpa raos ajrih, kuwatos, lan ewed utawi gelisah ingkang mboten tentu. Tiyang ingkang beriman kedahipun kuwawi ngetingalaken kepribadianipun dados pribadi ingkang tegar ngadhepi sedaya cobaan lan tantangan. Allah sampun ngendika mekaten:
وَٱصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَإِنَّكَ بِأَعْيُنِنَا ۖ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ حِيْنَ تَقُوْمُ
Lan sira sabara marang hukum papesthene Pangeranira, sanyata sira Muhammad, iku ana ing asta panguwasanIngsun, mula sira padha nucekna kalawan muji asma dalem Allah (maca tasbih) nalika sira tangi saka turu (At-thur : 48).
اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin – Muslimat rahimakumullah
Wicanten masalah ujian lan coban. ing limrahipun tiyang nginten menawi ingkang naminipun ujian inggih punika sedaya punapa-punapa ingkang mboten ngremenaken, kados kesisahan gesang ingkang dipun alami kathah-kathahipun masyarakat kita sapunika. Ananging saleresipun ingkang naminipun ujian puniku sanes lah bab-bab ingkang mboten ngremenaken mawon, ananging ugi ingkang ngremenaken ugi, kados gadhah kathah banda, gadhah griya ingkang megah lan mewah, gadhah kendaraan ingkang awis, punika sedaya nggih saleresipun ujian saking Allah ta’ala. Punapa tiyang ingkang nggadhahi banda puniku badhe mensyukuri nikmat kasebat utawi malah malah kufur dhateng nikmat. Wonten setunggaling dawuhipun Allah ta’ala lebet serat al anbiya: 35 kados mekaten:
وَنَبْلُوْكُم بِٱلشَّرِّ وَٱلْخَيْرِ فِتْنَةً ۖ وَإِلَيْنَا تُرْجَعُوْنَ
Artosipun: Ian Ingsun Allah nguji marang sira kabeh kalawan ala Ian becik, Ian amung marang Panjenengan lngsun sira kabeh bakal disowanake
Langkung teges malih, bilih kesugihan puniko kalebet ujian kangge manungsa. Kados dipunjelasaken wonten ing surat al Anfal ayat 28:
وَٱعْلَمُوٓاْ أَنَّمَآ أَمْوَالُكُمْ وَأَوْلَادُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ ٱللَّهَ عِندَهٗ أَجْرٌ عَظِيْمٌ
Artosipun: Lan sira padha mangertia satemene kabeh bandha-bandhanira Ian anak-anakira iku kabeh dadi cecoba, Ian sanyata Allah iku kagungan ganjaran kang agung (Al-Anfal: 28 )
Mekaten lah penjelasan Allah ta’ala ingkang kanthi teges nyatakaken menawi manungsa puniku kadang-kadang dipun-uji kaliyan kesaenan utawi kebahagiaan lan kadang-kadang dipun-uji kaliyan keawonan utawi penderitaan. Manungsa ingkang dipun-uji kaliyan penderitaan menawi piyambakipun mboten lulus, bahayanipun mboten kados puniku ageng. Ananging manungsa dipun-uji kaliyan kemewahan gesang, menawi piyambakipun mboten lulus, mangka bahayanipun langkung ageng ketimbang ingkang mboten lulus lebet ujian penderitaan.
Kathah tiyang ingkang gesang lebeting kemewahan, langkung-langkung bandhanipun, sedaya kekajenganipun kasembadan, nanging piyambakipun malah tebih lan kesupen dhateng Allah ingkang nyukani nikmat kebahagiaan kasebat, mila piyambakipun lajeng terjerumus nglampahaken pinten-pinten lelampahan nista ingkang dipun-larang dening Allah Ta’ala.
كَلَّآ إِنَّ ٱلْإِنسَانَ لَيَطْغٰى (6) أَن رَّءَاهُ ٱسْتَغْنٰى (7)
Artosipun: Mangertia, satemene manungsa iku banget lacute (ngliwati wates), Amarga manungsa rumangsa andeleng awake sarwa kacukupan (Al Alaq: 6-7 )
Wonten ing lebet ayat sanes, wonten ing serat Al-Fusilat ayat 51 dipunsebataken:
وَإِذَآ أَنْعَمْنَا عَلَى ٱلْإِنسَانِ أَعْرَضَ وَنَـَٔا بِجَانِبِهِۦ وَإِذَا مَسَّهُ ٱلشَّرُّ فَذُوْ دُعَآءٍ عَرِيْضٍ
Lan manawa Ingsun amaringi ni’mat marang manungsa, dheweke banjur minger sak-Iambunge, emoh syukur! Lan mbareng wong mau kena coba, banjur ngaturake do’a panyuwun sing warna-warna!.
Megayutan kaliyan banda punika, wonten setunggal haditsipun Rasulullah Saw ngendika:
إِنَّ لِكُلِّ أُمَّةٍ فِتْنَةً وَفِتْنَةُ أُمَّتِي الْمَالُ
Artosipun: Saktemene saben umat iku ulih ujian, lan ujiane umatku yaiku badha kesugihan ( HR Turmudzi dari Ka’ab bin Iyad )
اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum Muslimin – Muslimat ingkang berbahagia
Kelebet perkawis ingkang ngremenaken nanging saestunipun punika ujian lan coban, inggih punika jabatan utawi kedudukan. nggih jabatan puniku saking instansi pamarintahan utawi saking swasta. Estu sampun dados fitrah, menawi manungsa remen dhateng kedudukan ingkang inggil utawi dados panguwaos ingkang nggadhahi kekuwaosan ingkang wiyar. Nanging mboten sadayaning tiyang ingkang sampun dugi kedudukan ingkang inggil puniku lulus ngadepi ujian nalika nglenggahi jabatan kasebat. Wonten ing sejarah asring kita mangertosi wontenipun para panguwaos ingkang nyalahgunakaken jabatanipun, utawi dzalim lan sewenang-wenang kala piyambakipun saweg gadhah kuwaos.
Kita tamtu emut kados pundi wiyaripun kekuwaosan Fir’aun ing jamanipun. Kedudukanipun mboten wonten ingkang nandingi. Kaliyan kedudukan ingkang inggil puniku piyambakipun nglampahaken punapa mawon demi kangge ngelanggengaken kekuasaanipun, dumugi piyambakipun wantun mejahi ewonan bayi jaler ingkang tembe lahir, kala piyambakipun angsal informasi saking para juru ramalipun menawi bayi-bayi puniku lah ingkang mangke badhe nggulingaken jabatanipun sapunika. Bab puniki sampun ditegesaken dening Allah ta’ala lebeting al Qur’an.
Senadyan Fir’aun puniku sampun pejah, nanging fir’aunismenipun utawi faham-faham kados fir’aun, tamtu mawon taksih kathah ing pundi pundi, diwarisi dening para panguwaos ingkang gesang sasampunipun. Khususipun para panguwaos ingkang mboten lulus lebet nempah ujian kala nglenggahi jabatanipun.
Mugi-mugi kanthi ketabahan siyam ing saben sasi pasa , kita badhe tansah kuwat ngadepi pinten-pinten macem ujian ingkang warni-warni bentukipun kados ingkang sampun dipunaturaken ing inggil kala wau. amin
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْم، وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْم. وَتَقَبَّلْ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُفَاسْتَغْفِرُوْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْم
الخطبة الثانية
الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر – الله أكبر كَبِيْرًا وَالحَمْدُ لِلّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً لاَ إِلَهَ إِلاّاَلله ُوَحْدَهُ صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الأَحْزَابَ وَحْدَهُ لاَ إِلَهَ إِلاّاَلله ُوَلاَ نَعْبُدُ إِلاَّ إِيَّاهُ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ وَلَوْكَرِهَ المُشْرِكُوْنَ وَلَوْكَرِهَ الكاَفِرُوْنَ وَلَوْكَرِهَ المُناَفِقُوْنَ.
الحَمْدُ لِلّهِ حَمْداً كَثِيْرًا كَماَ أَمَرَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَإِلَهَ إِلاَّ الله ُوَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ إِرْغاَماً لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَكَفَرَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ سَيِّدُ الخَلَآئِقِ وَالبَشَرِ. صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ مَصَابِيْحَ الغُرَرِ.
أَمَّا بَعْدُ: فَيآأَيُّهاَالحاَضِرُوْنَ. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ المُتَّقُوْنَ. وَافْعَلُوْاالخَيْرَ وَاجْتَنِبُوْآ عَنِ السَّيِّآتِ. وَاعْلَمُوْآ أَنَّ الله َأَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّابِمَلَآئِكَةِ المُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. فَقاَلَ تعالى فِيْ كِتاَبِهِ الكَرِيْمِ أَعُوْذُ باِلله ِمِنَ الشَّيْطاَنِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَحِيْمِ. إِنَّ اللهَ وَمَلَآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيْ يَآأَيُّهاَالَّذِيْنَ آمَنُوْآ صَلُّوْآ عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. فَأَجِيْبُوْآالله َاِلَى مَادَعَاكُمْ وَصَلُّوْآ وَسَلِّمُوْأ عَلَى مَنْ بِهِ هَدَاكُمْ. اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصِحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ. وَعَلَى التَّابِعِيْنَ وَتَابِعِيْ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. وَارْضَ الله ُعَنَّا وَعَنْهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَاأَرْحَمَ الراَحِمِيْنَ.
اللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالمُؤْمِناَتِ وَالمُسْلِمِيْنَ وَالمُسْلِمَاتِ الأَحْيآءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعُ قَرِيْبٌ مُجِيْبٌ الدَّعَوَاتِ. اللَّهُمَّ انْصُرْأُمَّةَ سَيّدِناَ مُحَمَّدٍ. اللَّهُمَّ اصْلِحْ أُمَّةَ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. اللّهُمَّ انْصُرْ أُمَّةَ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ. اللّهمَّ انْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ. وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ الدِّيْنَ. وَاجْعَلْ بَلْدَتَناَ إِنْدُوْنِيْسِيَّا هَذِهِ بَلْدَةً تَجْرِيْ فِيْهَا أَحْكاَمُكَ وَسُنَّةُ رَسُوْلِكَ ياَ حَيُّ ياَ قَيُّوْمُ. يآاِلهَناَ وَإِلهَ كُلِّ شَيْئٍ. هَذَا حَالُناَ ياَالله لاَيَخْفَى عَلَيْكَ. اللَّهُمَّ ادْفَعْ عَنّاَ الغَلآءَ وَالبَلآءَ وَالوَبآءَ وَالفَحْشآءَ وَالمُنْكَرَ وَالبَغْيَ وَالسُّيُوفَ المُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَآئِدَ وَالِمحَنَ ماَ ظَهَرَ مِنْهَا وَماَ بَطَنَ مِنْ بَلَدِناَ هَذاَ خاَصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ المُسْلِمِيْنَ عاَمَّةً ياَ رَبَّ العَالَمِيْنَ. اللَّهُمَّ أَعِزَّ الإِسْلاَمَ وَالمُسْلِمِيْنَ وَأَهْلِكِ الكَفَرَةَ وَالمُبْتَدِعَةِ وَالرَّافِضَةَ وَالمُشْرِكِيْنَ وَدَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ. وَاجْعَلِ اللَّهُمَّ وِلاَيَتَنَا فِيْمَنْ خَافَكَ وَاتَّقَاكَ. رَبَّناَ اغْفِرْ لَناَ وَلِإِخْوَانِناَ الَّذِيْنَ سَبَقُوْناَ بِالإِيمْاَنِ وَلاَ تَجْعَلْ فِيْ قُلُوْبِناَ غِلاًّ لِلَّذِيْنَ آمَنُوْا رَبَّناَ اِنَّكَ رَؤُوفٌ رَحِيْمٌ. رَبَّناَ آتِناَ فِيْ الدُّنْياَ حَسَنَةً وَفِيْ الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِناَ عَذَابَ النَّارِ وَالحَمْدُ لِلّهِ رَبِّ العاَلمَيِنَ
عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ