
NJAGA DHATENG SPIRIT RAMADHAN
Oleh: H. Fauzin Jamil, M.Pd.I (Wakil Katib Syuriah)
الخطبة الاولى .
اَللهُ أكبر ×9 لا الهَ الا الله والله أكبر، الله أكبر ولله الحمد، الله أكبر، هَذَا الْيَوْمُ يَوْمُ الْعِيْدِ، جَعَلَ اللهُ الْعَوْدَ وَالصُّعُوْدَ إِلَى مَرْضَاتِ اللهِ الْمَحْبُوْبِ. اللهُ أكبر، اَلَّذِىْ قَدْ أَوْجَبَ فِيْهِ لِعِبَادِهِ الْمُؤْمِنِيْنَ زَكَاةَ الْفِطْرِ تَزْكِيَّةً لِلنَّفْسِ وَتَنْمِيَةً لِعَمَلِهَا الْمَرْغُوْبِ. اللهُ أكبر. الَّذِىْ جَعَلَ يَوْمَ عِيْدِ الْفِطْرِ ضِيَافَةً لِعِبَادِهِ وَسُرُوْرًا لَهُمْ بِجِهَادِ أَنْفُسِهِمْ وَقْتَ الصِّيَامِ الْمَغْلُوْبِ. أَحَلَّ اللهُ الطَّعَامَ وَحَرَّمَ الصِّيَامَ الْمَسْلُوْبَ.
اَلْحَمْدُ للهِ، اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِىْ جَعَلَ قُلُوْبَ الْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ بَهْجَةً وَسُرُوْرًا. بِاتِّبَاعِ النَّبِيِّ الْمُرْسَلِ تَبْشِيْرًا وَتَنْذِيْرًا. وَدَاعِيًا إِلَى اللهِ سِرَاجًا وَقَمَرًا مُنِيْرًا. أَشْهَدُ اَنْ لاَ إلَهَ إِلَّا اللهُ الَّذِىْ جَعَلَ الْجَنَّةَ ضِيَافَةَ الْكُبْرَى. وَلَهُ الْآمِرُ بِالتَّوْبَةِ الصَّادِقَةِ بَاطِنًا وَظَاهِرًا. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْآمِرُ لِأُمَّتِهِ عَنِ التَّحَافُظِ قَبِيْحًا وَزُوْرًا.
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحَابَتِهِ الَّذِيْنَ كَانُوْا لِبَعْضِهِمْ ظَهِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ : اُوْصِيْنِىْ نَفْسِيْ وَاِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى وَقَدْ خَابَ مَنْ طَغَى. اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، فَأَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّيْنِ حَنِيْفًا، فِطْرَةَ اللهِ الَّتِى فَطَرَ النَّاسَ عَلَيْهَا، لاَ تَبْدِيْلَ لِخَلْقِ اللهِ، ذَلِكَ الدِّيْنُ الْقَيِّمُ وَلَكِنّ اَكْثَرَ النَّاسِ لاَ يَعْلَمُوْنَ (الروم : 30) اَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ حَفِظَكُمُ اللهُ
Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah…
Alhamdulillah, Puji syukur dhateng ngarsanipun ilahi robbi, kanthi rahmat lan inayahipun kita saged kempal ing enjing puniki, kanthi kawontenan sholat riyadi 1443 H. Sholawat lan salam mugi-mugi tansah kaparingaken dhateng baginda Nabi Muhammad saw.
Minangka khatib kula wasiyat kangge dhiri kula piyambak khususipun, lan dhateng sedaya jamaah sholat riyadi ing papan puniki. Mangga kita sami tingkataken taqwa dhateng Allah swt, inggih punika nglampahaken sedaya dawuh-dawuhipun Allah lan nebihi sedaya larangan-laranganipun.
يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُواْ ٱتَّقُواْ ٱللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِۦ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ
Artosipun: He para wong Mu’min kabeh, sira padha wedia ing Allah kalawan sajatining wedi, Ian sira aja padha mati, kajaba mati Islam.
اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum muslimin muslimat yang saya mulyakan,
Dinten punika inggih dinten raya idul Fitri. Fitri puniku wonten kalanipun gadhah artos suci, wonten kalanipun ugi gadhah artos bikak. Inggih punika tanda menawi ibadah siyam romadhon kita sampun purna. Ingkang dados pitakenan sapunika punapa hikmah saking siyam ingkang sampun kita lampahaken? Kasil lulus punapa mbotenipun siyam kita sawulan puniki saged kita tingali lan raosaken wiwit dinten puniki lan salajengipun, inggih punika wiwit sasi sawal puniki lan salajengipun. Punapa sasampunipun kita mboten wajib siyam , kita tetep saged gadhah akhlak kados tiyang siyam. Nalika gesang wangsul normal malih lan kita ngadepi pinten-pinten persoalan saha problematika gesang sadinten-dinten, kados pundi kita menyikapinipun? Sepinten hasilipun siyam kita tergantung kaliyan sepinten ebah karakter lan sikap kita ngadhepi pinten-pinten coban kasebat dibanding sasi-sasi saderengipun Ramadhan.
Bekal pendidikan lan pelatihan salami sawulan puniki lah ingkang badhe kita angge kangge ngajengi 11 sasi saklajengipun. Menawi kita kathah rumesepi berkah pasa punika kaliyan dados tiyang sabar, tiyang ingkang santun, loman, saha amal sholeh saanese, mila lampahan sae ing pasa kasebat badhe dados perilakau lan lampahan kita samangke.
اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ – اللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
Kaum muslimin muslimat yang saya mulyakan,
Sasi Romadhon inggih punika sasi tarbiyah utawi pendidikan. Ing pundi paling mboten wonten 5 (gangsal) nilai pendidikan ingkang kekandhut lebet siyam pasa ingkang kedah kita renungkan lan hikmahipun kita amalkan;
Pertami; siyam mucali kita kangge ngraosaken pangraosan tiyang sanes.
Siyam mucali kita kangge ngraosaken pangraosanipun tiyang sanes. Kita mboten dipunwucal punapa luwe midherek teori lan basa utawa istilah?. Nanging kita ngraosaken langsung, kados pundi raosipun luwe. Menawi sadherek kita luwe, kita ugi luwe. Nanging taksih benten luwe kita kaliyan piyambakipun. Kita taksih wonten wates wekdalipun. Kita luwe naming dumugi maghrib kemawon, nanging piyambakipun sedaya kadang-kadang enjing luwe, siyang luwe, sonten luwe, dalu luwe. Piyambakipun sami bingung kangge ngatasi luwe, amargi mboten wontenipun biaya kangge ngicali luwe kasebat.
Pramila, Allah majibaken kita kangge dados manungsa ingkang perduli setunggal kalihsanesipun. Sae dhateng tiyang sepuh, sadherek, tangga, utawi sadherek sesami muslim sanesipun. Ampun ngantos kita nanemaken sifat mboten peduli utawi acuh tak acuh kaliyan sintena tiyang. Kados sampun dipunjlentrehaken saking Abu Hurairah radliyallahu anhu. Rosulullah shallallahu alaihi wa sallam ngendika,
وَاللهُ فِيْ عَوْنِ الْعَبْدِ مَا كَانَ الْعَبْدُ فِي عَوْنِ أَخِيْهِ
Artosipun:” Gusti Allah tansah nulung marang kawulane selagi kawulane mau ya pada nulung marang sedulure”
لَيْسَ الْمُؤْمِنُ بِالَّذِي يَشْبَعُ وَجَارُهُ جَائِعٌ إِلَى جَنْبِهِ
Artosipun: “ Dudu wong mukmin kang sampurna yen deweke turu kanthi tuwuh/wareg nanging tanggane luwe nganti tumeko lambung wetenge.”
Ngraosaken pangraosipun utawa penderitaanipun tiyang sanes punikilah ingkang kita bibinauni salami sakwulan Ramadhan puniki
Khikmah kaping kalih; puasa punika mucali kejujuran.
Orang yang sedang berpuasa atas dasar imanan wahtishaban, ia tidak akan makan dan minum serta melakukan hal-hal yang membatalkan puasa betapapun tidak ada orang yang melihat dan tidak ada orang yang tahu kecuali dirinya dan Allah. Itulah pelajaran kejujuran dari ibadah puasa kita.
Tiyang ingkang saweg siyam kanthi dhasar imanan wahtishaban, piyambakipun mboten badhe nedha lan ombe saha nglampahaken bab-bab ingkang mbatalaken siyam sinaoso mboten wonten tiyang ingkang sumerep lan mboten wonten tiyang ingkang ngertos kejawi piyambakipun lan Allah. Puniku lah wucalan jujur saking ibadah siyam kita.
Allah SWT ngendika lebet surat Al Ahzab 70-71
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا . يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Artosipun: “ He para wong Mu’min! sira kabeh padha wedia marang Allah, Ian padha ngucapa kalawan ucapan kang bener! Temen Allah bakal ambecikake tindakira Ian Ngapura dosanira. Lan sapa kang ndherek marang Allah lan UtusaNe, temen dheweke oleh kabegjan kang agung
Nalika wekdal Ramadhan kala wingi kita waged jujur, mila ing sasi puniki lan sakterasipun kita kedah saged jujur. Jujur ing lebeting gineman lan lampahan.
Khikmah kaping tiga: siyam saged ndorong lan ndidik manungsa supados tansah sinahu kangge nggayuh ngelmu pengetahuan lan teknologi.
Ing sasi pasa puniki wonten peristiwa mandhapipun al-qur’an (nuzulul qur’an). Alqur’an serat al-alaq: 1-5 dados ayat ingkang pertami dipuntampi Nabi Muhammad Saw dados bukti supados manungsa kedah tansah sinau .
اِقْرَأْ بِاسْمِ رَبِّكَ الَّذِيْ خَلَقَ
Sangking semonten kathahe kalimah, Allah milih lafal “Iqra’” ingkang gadhah makna “wacanen” minangka dados kalimat pertami ingkang dipun wahyuaken. Punika nedhahaken bilih Allah remen dhateng kawulane ingkang asring maos lan asring sinau. Hikmahipun, saksampunipun siyam puniki kita kedah asring maos lan asring sinau, maos al Qur’an, buku, kitab, sinau ngaji lan sanesipub. Menawi saksampunipun siyam puniki kita saged ningkataken sinau kita, mila insyaAllah puniki tandhanipun siyam kita dipuntampi.
Khikmah kaping Sekawan: Siyam punika ndidik dhateng kesetaraan.
Dalam ibadah puasa, Islam memandang manusia memiliki kesamaan derajat. Mereka yang memiliki banyak harta, status sosial yang yang tinggi, yang mempunyai sedikit rupiah, atau bahkan orang yang tak memiliki sepeserpun ketika sedang berpuasa, tetap merasakan hal yang sama yaitu : lapar dan haus.
Maka di bulan syawal dan berikutnya, sudah seharusnya kita mulai merubah pandangan kita terhadap sesama manusia, kita harus sadar bahwa semua manusia dihadapan Allah adalah sama, hanya taqwa lah yang membedakan kedudukan kita.
Allah SWT berfirman :
Lebet ibadah siyam, Islam mandeng manungsa nggadhahi derajat sami. Tiyang-tiyang ingkang nggadhahi kathah banda, status sosial ingkang inggil, ingkang gadhah sakedhik rupiyah, utawi malah tiyang ingkang mboten nggadhahi sepeserpun kala saweg siyam, tetep ngraosaken bab ingkang sami inggih punika: luwe lan ngelak. Mila ing sasi sawal lan salajengipun, sampun kedahipun kita wiwit ngowahi pandengan kita kaliyan sesami manungsa. Kita kedah sadar menawi sadayaning manungsa ing ngarsanipun Allah punika sami, naming taqwa lah ingkang mbentenaken kedudukan kita sakmangke. Allah swt berfirman :
يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّا خَلَقْنَاكُمْ مِنْ ذَكَرٍ وَأُنْثَىٰ وَجَعَلْنَاكُمْ شُعُوبًا وَقَبَائِلَ لِتَعَارَفُوا ۚ إِنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللَّهِ أَتْقَاكُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ خَبِيرٌ
Artosipun: He para manungsa! sayekti Ingsun wus anitahakc sira kabeh saka wong lanang lan wadon, Ingsun banjur andadekake sira kabeh dadi pirang-pirang bangsa lan turunan, supaya sira padha wewanuhan weruh wincruhan, sanyata wong kang inganggep mulya mungguhing Allah iku wong kang luwih taqwa ing PanjenengaNe, sayekti. Allah iku Maha Uninga tur kang Waspada”
Khikmah kaping gangsal Siyam ndidik kesabaran.
Betapapun kita merasa haus mencekik tenggorokkan dan lapar melilit perut, ketika waktu magrib belum tiba, kita tidak diperbolehkan bersentuhan dengan makan dan minuman
meskipun itu halal melainkan kita harus bersabar menunggu hingga waktu berbuka tiba.
Bagi kita yang mampu bersabar menunggu waktu berbuka, sudah selayaknya kita juga mampu bersabar di bulan setelah romadhon ini. Semoga Allah menganugrahi kita kemampuan dan kemauan dalam memahami dan mengamalkan 5 nilai puasa tersebut, sehingga kita digolongkan sebagai insan yang bertaqwa.
Kadospunapa pun kita rumaos ngelak, garing tenggorokkan lan luwe wethengipun, kala wekdal magrib dereng dugi, kita mboten dipunkengingaken nedha lan ngunjuk, sanadyan puniku halal ananging kita kedah sabar ngentosi wekdal buka dugi. Kangge kita ingkang kuwawi sabar ngentosi wekdal bukak, sampun pantesipun kita ugi kuwawi sabar ing sasi-sasi sasampunipun romadhon puniki.
Mugi-mugi Allah maringi kita kesagahan lan kekajengan lebeting mangertosi lan ngamalaken 5 (gangsal) pelajaran siyam kasebat , Mila kita dipun-golongaken dados insan ingkang bertaqwa. Amin ya Rabbal ‘alamin
جَعَلَناَ الله ُوَإِياَّكُمْ مِنَ العاَئِدِيْنَ وَالفَآئِزِيْنَ وَأَدْخَلَناَ وَاِيَّاكُمْ فِيْ زُمْرَةِ عِباَدِهِ المُتَّقِيْنَ. قَالَ تَعَالَى فِيْ القُرْآنِ العَظِيْمِ أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ . يُرِيْدُ اللهُ بِكُمُ اليُسْرَ وَلاَ يُرِيْدُ بِكُمُ العُسْرَ وَلِتُكْمِلُوْاالعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوْاالله َعَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ
بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ القُرْآنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِيْ وَاِيّاَكُمْ بِمَافِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ الحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّيْ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. وَقُلْ رَبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ
الخطبة الثانية
اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ اللهُ أكبرُ، وللهِ الحَمْدُ
الْحَمْدُ لِلَّهِ الْماَلِكِ الْمَنَّانِ، أَمَرَ بِالتَّرَاحُمِ وَجَعَلَهُ مِنْ دَلاَئِلِ الإِيمَانِ، أَحْمَدُهُ سُبْحَانَهُ عَلَى نِعَمِهِ الْمُتَوَالِيَةِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا وَنبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُ اللَّهِ وَرَسُولُهُ الرَّحْمَةُ الْمُهْدَاةُ، وَالنِّعْمَةُ الْمُسْدَاةُ، وَهَادِي الإِنْسَانِيَّةِ، إِلَى الطَّرِيقِ الْقَوِيمِ. فَاللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا وَنبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وصَحْبِهِ أَجْمَعِينَ، وَعَلَى مَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّينِ
أَمَّا بَعْدُ: فَأُوصِيكُمْ عِبَادَ اللَّهِ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللَّهِ. إنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى فِيْهِ بِمَلَائِكَتِهِ، فقَالَ تَعَالَى: إِنَّ اللَّهَ وَمَلائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. وقالَ رسولُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: مَنْ صَلَّى عَلَيَّ صَلاَةً صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ بِهَا عَشْراً.
اللَّهُمَّ صلِّ وسلِّمْ وبارِكْ علَى سَيِّدِنَا وَنَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ، وَارْضَ اللَّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِي بَكْرٍ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيٍّ، وعَنْ سَائِرِ الصَّحَابَةِ الْأَكْرَمِيْنَ، وَعَنِ التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ الْاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ، وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا وَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.
عِبَادَاللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ.
Everything is very open with a precise clarification of the issues. It was truly informative. Your site is extremely helpful. Many thanks for sharing!