Beranda Khutbah Khutbah Ied Khutbah Idul Fitri: Tumuju Kebahagiaan Pasca Ramadhan

Khutbah Idul Fitri: Tumuju Kebahagiaan Pasca Ramadhan

0
Khutbah Idul Fitri:  Tumuju Kebahagiaan Pasca Ramadhan

TUMUJU KEBAHAGIAAN PASCA IBADAH RAMADHAN

Oleh : H. Achmad  Cholid Fikri, M.Pd. (LDNU Kebumen)

الخطبة الاولى .

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ كُلَّمَا هَلَّ هِلاَلٌ وَاَبْدَرَ . اللهُ اَكْبَرْ كُلَّماَ صَامَ صَائِمٌ وَاَفْطَرْ . اللهُ اَكْبَرْ كُلَّماَ تَرَاكَمَ سَحَابٌ وَاَمْطَرْ . وَكُلَّماَ نَبَتَ نَبَاتٌ وَاَزْهَرْ . وَكُلَّمَا اَطْعَمَ قَانِعُ اْلمُعْتَرْ. اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَ لِلَّهِ اْلحَمْدُ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِى جَعَلَ لِلْمُسْلِمِيْنَ عِيْدَ اْلفِطْرِ بَعْدَ صِياَمِ رَمَضَانَ وَعْيدَ اْلاَضْحَى بَعْدَ يَوْمِ عَرَفَةَ.

اللهُ اَكْبَرْ (3×) اَشْهَدُ اَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ لَهُ اْلمَلِكُ اْلعَظِيْمُ اْلاَكْبَرْ وَاَشْهَدٌ اَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الشَّافِعُ فِى اْلمَحْشَرْ . نَبِيَّا قَدْ غَفَرَ اللهُ لَهُ مَا تَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ وَمَا تَأَخَّرَ. اللهُمَّ صَلِّ عَلىَ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ الَّذِيْنَ اَذْهَبَ عَنْهُمُ الرِّجْسَ وَطَهَّرْ. اللهُ اَكْبَرْ. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَاللهِ اِتَّقُوااللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah …

Puji syukur kita aturaken dhateng pangarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih. Kanthi sedaya kemirahan rahmat lan karunia-ipun, bimbingan lan pertolongan-ipun, taubat lan maghfirah-ipun salami lebeting sasi pasa warsa 2022 M /1443 H ingkang mulia puniki, mila kita saged ngrampungaken ibadah siyam kita sawulan nutug kanthi sasae-saenipun. Sedaya mawarni pantangan lan larangan ing siyang pasa sampun kasil kita tilaraken. Mental lan budi pekerti sampun usaha kita tingkataken dhateng arah ingkang langkung mulia. Kemirahan manah lan kedermawanan kita teruji kaliyan ngedalaken shodaqah, zakat fitrah, lan zakat ingkang sanes dhateng golongan tiyang ingkang estu mbetahaken lan berhak nampaninipun.

Sedaya puniku sampun kasil kita lampahi, Sedaya puniku berkat kemirahan lan perkenan saking Allah kemawon. Pramila, sapisan malih, manga kita konjukaken puji syukur kanthi setulus-tulusipun dhateng Allah swt. Kanthi maos takbir, tahmid lan tasbih

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Jamaah Idul Fitri rahimakumullah

Setelah satu bulan penuh kita menunaikan ibadah puasa dan atas karunia-Nya pada hari ini kita dapat berhari raya bersama tahun 2022 M /1443 H, maka sudah sepantasnya pada hari yang bahagia ini kita bergembira, merayakan sebuah momentum kemenangan dan kebahagiaan berkat limpahan rahmat dan maghfiroh-Nya, sebagaimana yang tersurat dalam sebuah hadis Qudsi :

Sasampunipun stunggal sasi kita nindakaken ibadah siyam lan kanthi karunia-ipun ing dinten puniki kita saged berhari raya sareng warsa 2022 M /1443 H, mila sampun sepantasipun ing dinten ingkang bingah puniki kita bergembira, ngrayakaken setunggaling momentum kemenangan lan kebahagiaan berkat limpahan rahmat lan maghfiroh-ipun, kados ingkang kasebat lebet setunggaling hadis Qudsi :

اِذَا صَامُوْا شَهْرَ رَمَضَانَ وَخَرَجُوْا اِلىَ عِيْدِكُمْ يَقُوْلُ اللهُ تَعَالىَ: يَا مَلاَئِكَتِى كُلُّ عَامِلٍ يَطْلُبُ اُجْرَهُ اَنِّى قَدْ غَفَرْتُ لَهُمْ فَيُنَادِى مُنَادٌ: يَا اُمَّةَ مُحَمَّدٍ اِرْجِعُوْااِلَى مَنَازِلِكُمْ قَدْ بَدَلْتُ سَيِّئَاتِكُمْ حَسَنَاتٍ فَيَقُوْلُ اللهُ تَعَالَى: يَا عِبَادِى صُمْتُمْ لِى وَاَفْطَرْتُمْ لِى فَقُوْمُوْا مَغْفُوْرًا لَكُمْ

Artosipun: “Nalika tiyang-tiyang ingkang sami nindakaken siyam ramadhan pada budal saperlu kangge ngrayakaken dinten riyadin, mila Allah banjur ngendika: “Wahai para malaikat Ingsun, saben wong kang nindakaken amal kebajikan pada nyuwun ganjarane, saktemene Ingsun wus ngapurani marang deweke kabeh”. Lajeng wonten setunggal pengundang-undang ngendika: “Wahai umat Muhammad, baliho marang panggonan sira kabeh. Saktemene kabeh keluputan sira kabeh wus diganti kebagusan”. Banjur Allah ngendika malih: “Wahai kawulaku, sira kabeh  wus nindakake puasa kerana Ingsun lan buka kerana Ingsun. Mula jumenengo kanthi dadi wong kang wus uling pangapura Ingsun”.

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Jama`ah Idul Fithri ingkang berbahagia …

Sareng kaliyan budalipun sasi suci pasa, kathah wucalan hukum lan hikmah, faidah lan fadhilah ingkang saged kita petik kangge dados sangu lebet ngelampahi gesang ingkang badhe dugi. Menawi saged dipunibarataken, pasa punika setunggaling madrasah. Amargi 12 jam ping 30 dinten, wiwit medale fajar ngantos surupipun srengenge. Saderengipun punapa-punapa ingkang halal dados haram.

Nedha lan ngombe ingkang saderengipun halal kangge manungsa, nanging ing sasi pasa nalika siyam dados haram. Wondene saking aspek sosial, sadayaning tiyang nate rumaos tuwuk nanging mboten sadayaning nate ngraosaken luwe. Pramila, wonten tiga pesen lan kesan pasa ingkang sampun semestinipun kita cepengi kanthi kenceng.

Pesen pertami Ramadhan inggih punika pesen moral utawi Tahdzibun Nafsi. Kita kedah tansah waspadha dhateng mengsah ingkang paling ageng tumerapipun menungsa, inggih punika hawa nafsu minangka mengsah ingkang mboten nate berdamai. Rasulullah Shalallahu ‘alaihi wasallam ngendika:

“ Jihad kang paling gedhe yaiku jihad merangi hawa nafsu”

Wonten ing saklebet kitab Madzahib fît Tarbiyah dipun jlentrehaken bilih wonteng ing dhiri saben tiyang wonten nafsu wiwit piyambakipun dipun lahiraken. Inggih punika nafsu amarah, nafsu kawruh lan nafsu syahwat. Sangking ketiganipun nafsu punika, ingkang paling sisah kangge dipun-kendalikaken lan dipun-bersihaken inggih punika naluri/nafsu syahwat.

Hujjatul Islam, Abû Hâmid al-Ghazâlî ngendika: “Menawi ing dhiri manungsa wonten sekawan sifat, tiga sifat gadhah potensi kangge nyilakaaken manungsa, setunggal sifat gadhah potensi ngateraken manungsa tumuju lawang kebahagiaan

Pertami, sifat kewan (بَهِيْمَةْ); tanda-tandanipun ngalalaken sedaya cara kangge nggayuh tujuwan tanpa raos lingsem.

Kaping kalih, sifat buas (سَبُعِيَّةْ); tanda-tandanipun kathahipun kezhaliman lan sakedhik keadilan. ingkang kiyat tansah menang dene ingkang ringkih tansah kawon sanadyan leres.

Kaping tiga sifat syaithaniyah; tanda-tandanipun mertahanaken hawa nafsu ingkang ndhawahaken martabat manungsa.

Menawi tiga-tiganipun sifat puniki langkung dominan utawi langkung mewarnai setunggaling masyarakat utawi bangsa, niscaya badhe kedados setunggaling ebah tatanan sosial ingkang ngawatiraken sanget.

Dene setunggal-setunggalipun sifat ingkang membahagiakan inggih punika sifat rububiyah (رُبُوْبِيَّةْ); dipuntandani kaliyan keimanan, ketakwaan lan sabar ingkang sampun kita bina sareng-sareng selami sasi pasa puniki.

Orang yang dapat dengan baik mengoptimalkan sifat rububiyah di dalam jiwanya niscaya jalan hidupnya disinari oleh cahaya Al-Qur’an, prilakunya dihiasi budi pekerti yang luhur (akhlaqul karimah). Selanjutnya, ia akan menjadi insan muttaqin, insan pasca Ramadhan, yang menjadi harapan setiap orang. Insan yang dalam hari raya ini menampakkan tiga hal sebagai pakaiannya, menahan diri dari hawa nafsu, memberi maaf dan berbuat baik pada sesama manusia sebagaimana firman Allah :

Tiyang ingkang saged kanthi sae ngoptimalaken sifat rububiyah ing lebet jiwanipun, niscaya mlampah gesangipun dipun-sinari dening cahaya al-Qur’an. Prilakunipun dipun-paesi budhi pekerti ingkang luhur (akhlaqul karimah). Salajengipun, piyambakipun badhe dados insan muttaqin, insan ingkang dados pangajeng-ajeng saben tiyang. Insan ingkang lebeting dinten riyadin puniki ningalaken tigang bab, nahan dhiri saking hawa nafsu, nyukani pangapunten lan lampah sae ing sesami manungsa, kados firman Allah

 وَاْلكَاظِمِيْنَ اْلغَيْظَ وَاْلعَافِيْنَ عَنِ النَّاسِ وَاللهُ يُحِبُّ اْلمُحْسِنِيْنَ

Artosipun :”… Ian kang tahan ngampet napsune. kang ngapura marang kaluputaning liyan. Allah iku remen marang wong kang padha tumindak ing kabecikan.” (QS Ali Imran: 134)

Jama`ah Idul Fithri ingkang berbahagia…

Pesen kaping kalih,  inggih punika pesen social. Pesen sosial pasa puniki tergambar kanthi endah. Endah malah ing detik-detik akhir pasa lan gerbang tumuju sasi syawwal. Ing pundi, kala umat muslim ngedalaken zakat fithrah dhateng Ashnafuts tsamaniyah (wolu kelompok masyarakat ingkang berhak nampi zakat), utaminipun kaum fakir miskin, ketingal kados pundi tali silaturrahmi saha semangat kangge berbagi mekaten nyata ketingal. Semangat zakat fitrah puniki ngedalaken kesadaran kangge tulung tinulung (ta`awun) antawis tiyang-tiyang sugih lan tiyang-tiyang miskin, antawis tiyang-tiyang ingkang gesangipun berkecukupan lan tiyang-tiyang ingkang gesang sadinten-dintenipun sarwi kekirangan, sejalan manahipun amargi , panjenengan sedaya punika ummatipun Allah ( كُلُّكُمْ عِيَالُ اللهِ )

Jama’ah sholat Idul Fitri rahimakumullah

Pesan ketiga Ramadhan adalah pesan jihad, Jihad yang dimaksud di sini, bukan jihad dalam pengertiannya yang sempit; yakni berperang di jalan Allah, akan tetapi jihad dalam pengertiannya yang utuh, yaitu :

Pesen kaping tiga, inggih punika pesen jihad. Jihad ingkang dipunmaksud ing ngriki, sanes jihad lebeting pangartosipun ingkang rupek; inggih punika perang mbela agami Allah. Ananging jihad lebeting pangartosipun ingkang wiyar, inggih punika :

 بَذْلُ مَاعِنْدَهُ وَمَا فِى وُسْعِهِ لِنَيْلِ مَا عِنْدَ رَبِّهِ مِنْ جَزِيْلِ ثَوَابِ وَالنَّجَاةِ مِنْ اَلِيْمِ عِقَابِهِ

Artosipun: “ Mencurahkan sedaya punapa ingkang dipun-gadhahi lan sedaya kekiyatanipun kangge nggayuh ridha Pengeran, merkoleh dhateng agungipun ganjaran lan selamet sangking siksanipun”

Pengertian jihad ini lebih komprehensif, karena yang dituju adalah mengorbankan segala yang kita miliki, baik tenaga, harta benda, atapun jiwa kita untuk mencapai keridhaan dari Allah; terutama jihad melawan diri kita sendiri yang disebut sebagai Jihadul Akbar, jihad yang paling besar.

Dengan demikian, jihad akan terus hidup di dalam jiwa ummat Islam baik dalam kondisi peperangan maupun dalam kondisi damai. Jihad tetap dijalankan. Dalam konteks masyarakat Indonesia saat ini, jihad yang kita butuhkan bukanlah jihad mengangkat senjata. Akan tetapi jihad mengendalikan diri dan mendorong terciptanya sebuah sistem sosial yang bermartabat, berkeadilan dan sejahtera serta bersendikan atas nilai-nilai agama dan ketaatan kepada Allah. Jihad yang paling  utama adalah mengendalikan hawa nafsu dari seluruh hal yang dapat merugikan diri kita sendiri, terlebih lagi merugikan orang lain bahkan negara kita. Sebagaimana Firman Alloh swt :

Pangertosan jihad puniki langkung komprehensif, amargi ingkang dipuntuju inggih punika ngorbanaken sedaya ingkang kita gadhahi, sae tenaga, banda, utawi jiwa kita kangge nggayuh keridhaan saking Allah. Utaminipun jihad nglawan nafsu dhiri kita piyambak ingkang dipunsebat dados jihadul akbar, jihad ingkang paling ageng. Kanthi mekaten, jihad badhe terus gesang ing lebet jiwa ummat Islam nggih lebet kondisi peperangan utawi lebet kondisi damai. jihad tetep dipunlampahaken.

Lebeting konteks masyarakat Indonesia wekdal puniki, jihad ingkang kita betahaken sanes lah jihad ngangkat senjata. Ananging jihad ngendalikaken nafsu dhiri lan ndorong terciptanipun setunggaling sistem sosial ingkang bermartabat, berkeadilan lan sejahtera, saha lelandasan nilai-nilai agami lan ketaatan dhateng Allah. Jihad ingkang paling utami inggih ngendalikaken hawa nafsu saking sadayaning bab ingkang saged ngrugikaken dhiri kita piyambak, napa malih ngrugikaken tiyang sanes saha nagari kita. Kados firman Alloh swt :

يآاَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا هَلْ اَدُلُّكُمْ عَلىَ تِجَارَةٍ تُنْجِيْكُمْ مِنْ عَذَابٍ اَلِيْمٍ. تُؤْمِنُوْنَ بِاللهِ وَرَسُوْلِهِ وَتُجَاهِدُوْنَ فِى سَبِيْلِ اللهِ بِاَمْوَالِكُمْ وَاَنْفُسِكُمْ ذَالِكُمْ خَيْرٌ لَكُمْ اِنْ كُنْتُمْ تَعْلَمُوْنَ. يَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوْبَكُمْ وَيُدْخِلْكُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِى مِنْ تَحْتِهَا اْلاَنْهَارُ وَمَسَاكِنَ طَيِّبَةً فِى جَنَّاتِ عَدْنٍ ذَلِكَ اْلفَوْزُ اْلعَظِيْمُ

Artosipun: “He para wong mukmin kabeh, sira apa pada gelem lngsun paringi pituduh dagangan kang bisa nylametake sira kabeh saka siksa kang nglarani?. Yaiku sira pada imano marang Allah lan utusaNe, Ian padha temen-tumemena anggonira ngIuhurake (nglabuhi) Agamaning Allah kanthi toh bandha Ian badanira (jiwa). Kang mangkono mau luwih becik tumrap sira kabeh, manawa sira padha mangerteni. Allah bakal ngapura dosanira kabeh, Ian nglebokake sira kabeh ana ing Suwarga kang sangisore ana kaline mili, sarta panggonan kang edi peni ana ing Suwarga panggonan kani’matan, hiya kang mangkono iku kabegjan agung (QS Ash-Shaff:10-12)

اللهُ اَكْبَرْ (3×) وَ للهِ اْلحَمْدُ

Jama’ah Sholat Idul Fithri rahimakumullah…

Mekaten lah tiga pesen ingkang dipunsanjangaken dening pasa . Pramila , mangga[sumangga] kita sareng-sareng mikul tanggel jawab kangge maujudaken tiga pesen kasebat dhateng salebet pagesangan kita.

Mangga kita sareng-sareng ngendalikaken hawa nafsu kita piyambak, kangge mboten kepancing ing bab-bab ingkang terlarang lan ngrugikaken tiyang sanes; menjalin sesambetan silaturrahim saha kerja sami, sesami muslim tanpa mbenten-mbentenaken status sosial, saha nyandang semangat jihad kangge mbangun setunggaling sistem sosial ingkang bermartabat, berkeadilan lan sejahtera.

اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. وَاَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ ربِّهِ ونَهَيَ النَّفْسَ عَنِ اْلَهوَى فَاِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ اْلمَأْوَى. جَعَلَنَا اللهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ اْلعَائِدِيْنَ وَاْلفَائِزِيْنَ وَاْلمَقْبُوْلِيْنَ وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ وَاَقُوْلُ قَوْلِى هَذَا وَاسْتَغْفِرُ لِى وَلَكُمْ وَلِوَالِدَيَّ وَلِسَائِرِ اْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرْهُ اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ

الخطبة الثانية

اللهُ اَكْبَرْ (٣×)  اللهُ اَكْبَرْ (٤×)  اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ .اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالَمِيِنَ، أَشْهَدُ أَنْ لآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللهِ، اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ألِهِ وَ صَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ.

اَمَّا بَعْدَ : يَا أَيُّهَا النَّاسُ ا اتَّقُوا الله. قال الله تعالى: أَعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. اَلَّلهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلْاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَاإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here